BLUE GREY RED

      

Satata Basa Jawa (Muatan Lokal Mojokerto) kanggo SMP/MTs VII-B

PDFPrintE-mail

Satata Basa Jawa (Muatan Lokal Mojokerto) kanggo SMP/MTs VII-B

 

Sinopsis

Buku Satata Basa Jawa punika minangka buku muatan lokal wajib kangge siswa-siswi jenjang SMP/MTs ing Provinsi Jawa Timur ingkang karakit kanthi lelandhesan Kurikulum Merdeka. Kaserat kanthi jangkep sekawan aspek ketrampilan menyimak, membaca dan memirsa, berbicara, mempresentasikan dan menulis. Sajian materi kasusun kanthi luwes ngginakaken basa ingkang runtut kangge mbiyantu piwulangan lan pasinaon basa Jawi. Salintunipun punika gladhen-gladhen ingkang kasajekaken

nengenaken kemampuan ingkang kacundhukaken tataran fasenipun. Pendekatan ingkang dipunginakaken inggih punika ragam tipe teks lan teks multimoda (lisan, tulis, visual, audiovisual). Wondene piwulang basa Jawi ing salebeting buku punika nggadhahi ciri khas basa, sastra, lan budaya ingkang ngemot nilai-nilai adiluhung kangge ngiyataken identitas lokal, mujudaken karakter profil pelajar pancasila. Saengga buku Satata Basa Jawa trep sanget dados buku rujukan kangge para dwija

dalah siswa ing salebeting piwulangan. Fitur-fitur khas salebeting buku Satata Basa Jawa antawisipun.

  • Sajian buku arupi apersepsi, pituduh, kamus cilik ing saben-saben wacan, pepeling, lan cathetan ringkes.
  • Konsep lan materi ngginakaken lelandhesan Capaian Pembelajaran (CP) Kurikulum Merdeka kanthi
  • Tujuan Pembelajaran (TP) ingkang dipunjabaraken trep kaliyan tataran fasenipun.
  • Kearifan lokal dipunkupas kanthi seratan ingkang luwes salebetipun teks materi ugi teks khusus kawangun pojok literasi ing saben pungkasan wulangan inti.
  • Soal-soal latihan ing buku punika kaserat kanthi jangkep wiwit tipe-tipe soal tartamtu ingkang prasaja ngantos soal-soal HOTS (higher order thinking skills). Soal-soal latihanipun arupi gladhen ing saben tujuan pembelajaran minangka asesmen formatif, asesmen sumatif saben wulangan, lan asesmen sumatif akhir semester.
  • Soal-soal Kompetensi Minimum (AKM) kangge ngiyataken pemahaman materi lan penguasaan literasi siswa.
  • Tugas proyek dipunkemas kanthi sistematis mlebet bagian sub bab materi, minangka instrumen ingkang jumbuh kaliyan cak-cakanipun profil pelajar pancasila.
  • QR code satunggaling sajian khas ing era digital saged ka-scan ngangge Erlangga Book Reader. QR code ingkang arupi audio lan video kangge nggampilaken pasinaon.


Spesifikasi: 

Kode Buku    :  003-418-058-0

Judul            : Satata Basa Jawa (Muatan Lokal Mojokerto) kanggo SMP/MTs VII-B

Penerbit        : Erlangga 

Penulis          : Niki Purwane Rahayu, Heni Mujiati, Henijanti Surohmiani, Masruchi Adyningsih

Editor            : M. Baihaqi

Halaman      : 104 Halaman

Ukuran         : 17.5 × 25 cm

Most Read Articles

emir